Ringkasan
cerita Asal-Usul Rawa Pening Basa Jawa Ngoko
Halo gaes, kesempatan ini saya mencoba meringkas secara
singkat cerita Asal Usul Rawa Pening mengunakan bahasa jawa ngoko, maka dari
itu ayuk disimak sampai selesai jika ada pertanyaan silahkan isikan di kolom
komentar ya.
Kacarita ing Dusun Ngasem Kecamatan Ambarawa Kabupaten
Semarang ana padhepoan kang kondang. Ana kono murit kang lanang diarani putut
lan seng putri diarani endang. Para putut lan endang sami mongkok atine kalih
gurunipun yaiku Ki Ajar Salokantara. Kiajar salokantara uga duweni murit kang
ayu rupane kang aran Ni Endang Ari Wulan.
Kacarita wektu iku Ni Endang Ari Wulan arep mecah jambe
dinggo sesaji ana tengah wengi banjur goleki peso. Sawise goleki peso ora
ketemu, Ni Endang ari wulan manggihi Kiajar salokantara supaya ngampil pesone.
Kiajar Salokantara banjur menehi peso mau kanthi pesen poso mau aja di pangku sawise
di silihi, Ni Endang Ari Wulan lali marang pesene Ki Ajar Salokantara. Peso di
pangku banjur ilang saknalika. Ni Endang Ari Wulan banjur ngomong karo Ki Ajar
Salokantara.
Ora letsuwe ana Dusun Ngasem geger amerga Ni Endang Ari
Wulan garbeni utawa meteng. Kiajar salokantara banjur dawuh supaya Ni Endang
Ari Wulan ngadep. Sakwise kuwi Ki Ajar Salokantara pamet dening Ni Endang Ari
wulan yen deweke arep mertapa ana Gunung Telamaya, sakdurunge tindak Kiajar
nitipake klinting kanggo sijabang bayi. Ora suwe bayi mau lair ananging wujude
ula utawa naga naing duweni polah kaya manungsa isoh ngomong lan nangis.
Nalika naga kuwi mau uwes gedhe banjur takon karo ibune
sapa bapake. Ni endang Ari Wulan banjur ngomong yen bapake yaiku Ki Ajar
Salokantara kang saiki mertapa ana Gunung Telamaya. Naga kuwi mau banjur nusul
ana Gunung Telomaya Naga kuwi mau ora lali gawa klintinge kanti di tutne dening
Ni Endang Ari Wulan saka burine. Anggone mlaku Naga kuwi ngobahake klintinge
mula uwong-uwong ngarani Naga kuwi baru klinting.
Dina wesa ganti wulan, wulan wis ganti taun baru klinting
wes ngrasaake kesel ngerteni kahanan kuwi. Nanging banjur krungu swarane
kekidungan Ni Endang Ariwulan saka kadoan saengga dadisemangat Naga kuwi mau. Akhire
Nagakuwi wes cedak saka Gunung Telamaya ngerteni kahaan kaya mengkonokuwi Ki
Ajar Salokantara banjur mapak Naga kuwi. Naga kuwi banjur mantuk-mantuk ana
ngarepe Ki Ajar salokantara tanda nyembah banjur ngomong yen deweke iku anake
kanti nuduhake klinting lan nyebutake yen ibuke Ni Endang Ari Wulan. Ki Ajar
Salokantara ora percaya mgono wae amerga ana donya iki akeh klinting. Ki Ajar Salokantara
banjur dawuh supaya Baru Kilinting mertapa tepung gelang ana Gunung Telamaya.
Baru klinting banjur muteri gunung mau anangeng ora bisa
tepung endas lan buntute. Baru Klinting banjur ngetokne ilate dinggo genepi. Sanalika
Ki Ajar Salokantara metu bajur nugel ilat mau karo ngomong ilat iku senadyan
gedene sak welat nanging duweni kasit. Sakwise kuwi Baru Klinting banjur
nerusake angone mertapa. Baru Klinting anggone mertapa wes pirang-pirang sasi
saengga awake wes ketutupan suket lan wit witan. Sakwise kuwi Ki Ajar
Salokantara banjur nemoni Ni Endang Ari Wulan supaya manggon ana dusun Patok.
Dusu patok yaiku salah sijining dusun kang gemahripah loh
jinawi nanging rakyate ora duweni rasa sukur. Wektu kuwi warga desa pada golek
gewan ana alas dinggo pista. Ana kono ana salah siji warga desa kang mecah
inang dilandesi wit kang ireng. Ora ngertia wet mau ngetokake getih amerga
sejatine wet ireng iku Baru Klinting kang lagi mertapa. Sakwise diketok-ketok naga
mau di gawa kanggo pista. Baru Klinting banjur ngetutke kanthi jilma dadi
pemuda kang bagus lan gagah ananging duweni awak kang reget pemuda iku arane aran
Jaka Bandung
Jaka Bandung banjur melu ana gon pista. Nalika ana pista
Jaka Bandung nyuwun dedaharan nanging ora di paringi dening warga desa malah di
singkang lan di ece. Banjur ana Randa kang maringi mangan Jaka Bandung. Randa
kuwi jenenge Ni Endang Ariwulan sakwise mangan Jaka Bandung weling supaya mengko yen ana
suwara gemuruh mbok randa mlebu lesung gawa centong lan sangu sakperlune. Jaka
Bandung banjurbanjur pamit lan bali ana pista.
Jaka Bandung ananing piste tetep di singkang lan di ece,
Jaka Bandung banjur nganake sambara sapa kang bisa nyabut sada kang di tancepne
bakal di sembah. Kabeh warga pada nyoba ananging ora ana kang isoh. Joko bandung
banjur njabut sada mau. Sanalika lemah metu banyu lan dadi banjir bandang. Banjur
nalika sada diuncalke lan katut lemahe, lemah iku dadi gunung kang arane Gunung
Kendalisada. Banjir bandang sansaya gede
lan ngelepi panggonan kuwi dadi panggonan kang aran Rawa Pening.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar